WEBLINK
|
IMAJINER
Ana Tembung Guru Digugu Lan Ditiru awit jaman ora enak nganti jaman enak saiki yha isih diugemi. Apa bae reribet kudu dirembug bareng kareben oleh solusi, neng ati padha mareme, wong jenenge mbangun gedung kuwi gampang, natha njerone gedung uga gampang, ning natha sing natha njerone gedung kuwi sing madhan angel, amergha natha barang urip kabeh duwe pinemu dewe-dewe lan bedha-bedha, kudu sabar low profile, low emotion, cooling down. Ning sing penting duweni niat lan I'tikad kang becik, bab sing bedha mau dicedake, dirembug ben nglaerake solusi sing kepenak kanggo sopo wae, kuwi tegese pikirane wis menyatu sependapat. Ora mung semono lho, pikiran dadi siji durung cukup, luwih jero maneh atine dadi siji ONE HEART lha yen wis bisa mengkono iku, tujuan sing kaya ngapa wae mesti luwih gampang direngkuh lan digayuh amergha menyatune pikir lan ati kuwi duwe daya kang luar biasa wis nyangkut bab rasional lan spiritual, rakyho ngono tha Jhons Wah Kang, rhung pati mudeng aku yen nyangkut bab spiritual, raga, jiwa lan sukma, aku ngerti yen ditakoni ragamu endi, tapi awaku rhung ngerti yen ana pitakonan jiwamu endhi, lan sukmamu manggone ana ngendhi, ana jantung, ana ing paru-paru apa ana ngendhi mumet aku Kang, ning aku yakin yen aku duwe sukma utawa ruh, piye tha Kang karepe. Wis ajha nggladrah Jhons, kuwi yen dirembug dawa banget ngko nyangkut patang perkara syariat, tariqat, hakekat lan ma'rifat. Wis yha Jhons saiki bali maneh ing bab pendidikan, guru kuwi akeh banget, pengajar yha akeh banget, ning pendidik kuwi setithik . Kenapa bocah perlu wektu telong tahun neng smk, mergha bocah perlu dididik kanthi terpadu Jhons, ora gur pinter bab ilmu produktif thak, nanging mental spiritual yha kudu apik kuwi nyangkut pelajaran agama, tutur guneme yha bener kuwi bahasa Indonesia, tresna maring nusa lan bangsa kuwi pkn, pinter etung-etungan ngetung duwit ana kething kuwi matematika, yen bocah tumindhak ala menek gendeng mlumpat pager kuwi tugase bimbingan konseling, lan liya liyane cekak aos bocah entuk pendidikan terpadu saka bahan mentah nganthi mentas dadi uwong sing professional neng bidange. Kabeh mau merloke sekelompok pendidik sing menyatu tumindhak, pikir lan atine nyawiji, ugha diwengku leader kang mumpuni bab manajerial lan spiritual kanggo ngayomi makmume. Madhan padang pikiranku Kang, ora krasa wis jam loro bengi ngantuk banget aku, ngko liyha wektu diskusi maneh yha Kang, ngomong-ngomong kabeh mau kudu adedasar ati sing ikhlas yha, apa piye Kang? Kuwi bab bedha maneh lan khusus Jhons. Wis menenga ndisik saiki crita kancane dewe okeh sing kena stroke, asam urat jantung, pada golek obat sing angel-angel contone ngrebus godong sirsak, mblender kunir sekilo, padahal ana sing praktis nganggo CMD mbokan cocok Jhons kandanana praktis tur hemat. SEPI ING PAMRIH RAME ING GAWE
|
WELCOME TO LENSA ADB
ALBUM ONLINE seke dar mengenang Peris tiwa yang mungkin akan bermanfaat untuk refre shing sejenak melepas kepe natan rutinitas kerja yang mencapai titik kulminasi saturasi.
Asyik juga lho lihat foto tempo doeloe, yang doeloe masih kurus , sekarang ajeg saja kurus, ada yang doeloe langsing dan apik sekarang berbobot dan segar. ANDA BISA :
Warga Smk Adb dan Alumni Store Foto Kegiatan, Memory keluarga (layak tayang). Email ke : [email protected] Konfirmasi SMS 081.828.6100 VISI DAN MISI SMK N1 ADBLINK AKADEMIS |
|
|
|